BRAMARA NGISEP SARI
PUPUH I
DHANDHANGGULA
1. Jumadilawwal puruning nulis, Isnen
Kliwon tanggal ping pisan, tahun Je mangsa destone, nenggih sengkalanipun,
“Ngerasa sirna sarira Ji”, turunan saking kitab, Duryat kang linusur, sampun
kirang pangaksama, ingkang maca kitab niki sampun kenging, kula den apuntena.
2. Pawartane pandhita linuwih,
ingkang sampun saget sami pejah, pejah sajroning uripe, sanget kepenginipun,
pawartane kang sampun urip, marma ngelampahi kesah, tan unigeng luput,
anderpati tan katedah, warta ingkang kagem para Nabi Wali, mila wangsul kewala.
3. Ling lang ling lung sinambi
angabdi, saking datan amawi sabala, kabeka dene nafsune, marmannya datan kerup,
dennya amrih wekasing urip, dadya napsu ingobat, kabanjur kalantur, eca dhahar
lawan nendra, saking tyas awon perang lan nepsu neki, sumendhe kersaning Hyang.
4. Ling lang ling lung anedheng Hyang
Widhi, mugi-mugi binuka Hyang Sukma, den legakna ing atine, sakayun yawunnipun,
marga dadi sembah lan puji, saking telasing manah, pramila nenuwun, nanging tan
apunten ing Hyang saking mboten saged nembah lawan muji, ngawur datan uninga.
5. Ling lang ling lung pan kendel
pribadi, tanpa rewang pan ucek-ucekan, yetukaran pada dewe, tan adoh
swaranipun, pan gumrejeg padu tan enting, pan rebut kalah menang, tan ana
rinebut, lir ngrebut prajeng Ngastina, lali kadhang miwah bapa anak rabbi, jiwa
raga tan ketang.
6. Ling lang ling lung tan weruh ing isin,
saking kedah uningeng ing warta, sinahu tapa lan luwe, yen ana kanca rawuh,
melu mangan pan datan eling yen mungkur kancanira, tan mangan saumur, saking
tan ana pinangan, ling lang ling lung angon paesan pribadi, tansah nagih
buruhan.
7. Ling lang ling lung tan olih,
anenagih ngrejeg tanpo potang, kang tinagih meneng bae, pan nyata nora nyambut,
kang anagih awira-wiri, tan ana beda nira, Syeh Malaya iku, wit puruhita atapa,
mring Jeng Sunan Benang kinen tengga kang cis, tan kena yen kesaha.
8. Ling lang ling lung pan sang
mendha luwih, buda teja tequde sarira, upamakken ing sanise, wonten sujalma
luhung, putra Tuban Rahaden Syahid, duk sepuh nama Sunan, Kalijaga sampun,
langkung sinihan Hyang Sukma, ingkang sampun dadi keramating Hyang Widhi, Mijil
saking asmara.
KASMARAN
BRANTA
PUPUH II
ASMARADANA
PUPUH II
ASMARADANA
1. Kapincut ingkang anulis, denira
mirsa carita, duk kina iku wartane, Jeng Suhunan Kalijaga, rikala mrih wekasan,
anggeguru kang wus luhur, anepi dhukuh ing Benang.
2. Puruhita wus alami, tan antuk
faedah kang nyata, mung nglakoni papa wae, pan agung kinen atapa, dateng Jeng
Sunan Benang, kinen tengga gurda sampun, tan kenginganke kesaha.
3. Wonten satengah wanadri, gennya
ingkang gurda-gurda, pan sawarsa ing lamine, anulya kinen ngaluwat, pinendhem
mandyeng wana, setahun nulya dinudhuk, dateng Jeng Sunan Benang.
4. Anulya kinen angalih, pitekur ing
kali jaga, malih karan jejuluke, sawarsa tan kena nendra, utawi yen dahara,
tinilar mring Mekah sampun, dhumateng Sinuhun Benang.
5. Nyata wus jangkep sawarsi, Syeh
Malaya tinilikan, pinanggih pitekur bae, Jeng Sunan Benang ngandika, Eh Jebeng
luwarana, jenenge wali sireku, panutup panatagama.
6. Den becik gama nireki, agama pan
tata krama, krama –kramate Hyang Manon, yen sira panata syarak, sareh iman
hidayat, hidayat iku Hyang Agung, agung ing ngrahanira.
7. Kanugrahane Hyang Widhi, ambawani
kasubdibyan, pangawasane pan dene, kadigdayan kaprawiran, sakabeh rehing yuda,
tan liya nugraha luhur, utamane kahutaman.
8. Utama nireki bayi, dene kang
sediya murba, kang amurba ing deweke, Misesani aneng sarira, nanging tan darba
purba, sira kang murba Hyang Agung, den mantep ing panarima.
9. Syeh Malaya matur aris, kalangkung
nuwun patik bra, kalingga murda wiyose, nanging amba matur Tuan, anuwun babar
pisan, ing jatine sukma luhur, kang aran iman hidayat.
10. Kang manteb narima Gusti, kang
pundi ingkang nyatanya, kulanuwun sameloke, yen ngemungna basa swara, amba anut
kumandhang, yen pralena anglir kukus, tanpa karya olah sarak.
11. Jeng Sunan lingira aris, Syeh
Malaya bener sira, sing atapa panggih ingong, ingkang aran panarima, kang eling
maring karya, duk lagi kamulanipun, apan nora kadya mega.
12. Pan kadya hidayat wening sarupa
iman hidayat, apa katon sabenere, nanging iku wruhanira, datan kena dinuga,
atawa yen sira bantu, kalawan netra kepala.
13. Ulun iki lir sireki, kapingin uga
weruha, mring hidayat sameloke, nanging ingsun durung wikan, meloke kang
hidayat, mung werta kang sun pituhu, jer iku andikaning Hyang.
14. Umatur Jeng Sunan Kali, pukulun
nuwun jinatenan, punapa wonten wiyose, ingkang aran tanpa sifat, kang sifat
tanpa aran, kawula nuwun pituduh, angen-angen ingkang wekasan.
15. Sunan Benang ngandika ris, yen
sira amrih wekasan, matenana ing ragane, sinauwa pejah sira, mumpung ta meksih
gesang, anyepiya mring wanagung, aja nganti kamanungsan.
16. Wus telas dennya pawarti, jeng
Sunan Benang wus jengkar, saking ing kalijagane, ngalor ngetan ing lampahnya,
antawis sahonjotan, Syeh Malaya atut pungkur, lumebeng ing wana wasa.
17. Pan angidang lampah neki, awor lan
kidang manjangan, atenapi yen asare, pan aturu tumut nangsang, kadi turuning
kidang, yen asaba mapan tumut, lir kadya sutaning kidang.
18. Yen ana jalma udani, kang kidang
lumayu gebras, Jeng Sunan ameli gebras, pan lumayu berangkangan, kadi playuning
kidang, wayang-wuyung datan kantun, anut ing solahe kidang.
19. Nyata wus jangkep sawarsi, Syeh
Malaya dennya ngidang, malah langkung ing janjine, nyata Jeng Sinuhun Benang,
arsa shalat mring Mekah, sekedhep netra pan sampun, bakdane shalat glis prapta.
20. Jeng Sunan kendel wanadri, mulat
mring kidang lumajar, dene sutane ngiyar-ngiyor, Sunan Benang emut ing tyas,
yen wonten Wali ngidang, Syeh malaya wastanipun, aglis sira pinaranan.
21. Syeh Melaya apan gendring,
pelayune nunjang palang, datan etung jurang pereng, binujung nora kecandhak,
jinaring lan den kala, yen kena kala marucut, yen nunjang jaring pan liwat.
22. Bramantya Sang Maha Yekti,
sasumbar sajroning nala, Wali waddat mbuh gawene, mejanani sira kidang, nguni
sun nyekel barat, kang luwih lembut tan mrucut, kang agal teka agagal.
23. Yen luputa pisan iki, luhung aja
dadi jalma, tan patut mung dadi sato, kurda muntap Sunan Benang, pan sarwi
nyipta sega, tigang kepel mapan sampun, mundur kinarya bebalang.
PUPUH III
D U R M A
D U R M A
1. Sigra mara Kanjeng Sunan
anerajang, ing wana langkung sungil, nyata wus kapanggya, kang lagi laku
ngidang, lumayu binalang aglis, sega kepelan, tiba ing gigir neki.
2. Syeh Melaya pan aririh pelayunya,
anulya piningkalih, kena lambungira, deperok Syeh Malaya, anulya binalang
malih, sega kepelan, emut nulya ngabekti.
3. Pan anderu sumungkem angras pada,
ngandika sang ayogi, “jebeng wruhanira, yen sira nyuwun wikan, kang sifat
hidayatullah, mungga kajiya, mring Mekah marga suci.
4. Anbambila toya zam-zam mring
Mekah, iya banyu kang suci, sarta ngalap barkah, Kanjeng Nabi panutan, Syeh
Malaya angabekti, angaras pada, pamit sigra lumaris.
5. Sang Pandita wus lajeng hing
lampahira, mring Benang dhepok sepi, nyata kawuwusa, lampahe Syeh Malaya, kang
arsa amunggah kaji, dhateng hing Mekah, lampahnya murang margi.
6. Nrajang wana munggah gunung mudhun
jurang, iring-iring pan mlipir, jurang sengkan nrajang, wauta lampahira,
prapteng pinggir pasisir, puter driya, pakewuh marga neki.
7. Ning pangkalan samodra langkung
adohnya, angelangut kaeksi, dyan jetung kewala, aneng pinggir samodra, wonten
ingkang winarni, sang Pajuningrat, praptane sang Kaswasih.
8. Apan tuhu uninga ing lampahira,
Syeh Malaya prihatin, arsa wruh hidayat, apan terah tinerah, sukma sinukma
piningit, tangeh manggiya yen tan nugraha yekti.
9. Nyata majeng nggebyur malebeng
samodra, tan toleh jiwa diri, wau Syeh Malaya, manengah lampahira, anut
parmaning Hyang Widhi, ing sanalika, prapteng teleng jaladri.
10. Ya ta malih Jeng Sunan ing
Kalijaga, neng telenging jeladri, sampun pinggihan, pan kadya wong leledhang,
peparabe Nabi Khidir, pan tanpa sangkan, ngandika tetanyaris.
11. Syeh Malaya apa ta sedyanira,
prapteng enggone iki, apa sedya nira dene sepi kewala, tan ana kang sarwo
bukti, myang sarwo boga, miwah busana sepi.
12. Amung godhong aking yen ana
kaleyang, tiba ingarsa mami, iku kang sun pangan, yen ora-ora nana, garjita
tyas sira myarsi, Kanjeng Susunan, ngungun duk amiyarsi.
13. nabi ningrat ngandika mring kang
prapta, putu ing kene iki, akeh panca baya, yen nora etoh jiwa, mangsa tumekaha
ugi, ing kene mapan, sekalir padha merih.
14. Ngegungaken ciptanira maksih
kurang, nora ageman pati, sabda kaluhuran, dene mangsa anaha, keweran tyas Sang
Kaswasih, ing sahurira dene tan wruh ing gati.
15. dadya alon atur ira Syeh Melaya,
mangsa borong Sang Yogi, Sang Wiku lingira, apan ta sira uga, kasmaran hidayat
ullih, wekasan ningrat, meloke ing saiki.
16. Anglakoni pituduhe guru nira,
Sunan Benang Sang Yogi, tuduh marang sira, kinen ning negri Mekah, pan arsa
myang munggah kaji, mulane nyawa, angel pratingkah urip.
17. Aja lunga yen tan wruh kang
pinaranan, lan aja mangan ugi, yen tan wruh rasanya, rasane kang pinangan, aja
nganggo-anggo ugi, yen durung wruha arane busana di.
18. Witing weruh atakono pada jalma,
lawan tetiron nenggih, dadi lan tumandhang, mengkono ing agesang, ana jugul
nganggo-anggo ugi, yen durung wruha arane busana di.
19. Lamun kuning den anggep kencana
mulya, mangkono ing ngabekti, pernahe kang sinembah, Syek Melaya duk miyarsi,
ndeku norraga, dene Sang Wiku sidik.
20. Sarwi sandika ing atur ira, Syeh
Melaya minta sih, anuwun jinatenan, sinten ta aran tuan, dene mriki peribadi,
Sang Pujuningrat, Hya ingsun Nabi Kihidzir.
21. Atur sembah pukulun nuwun
jinatenan,pun patik nuwun asih, ulun inggih datan, wruh puruhiteng badan, sasat
satoning wanadri, tan mantra-mantra, waspadeng badan suci.
22. Lang lung mudha punggung cinacad ing
jagad, keksi-keksi ning bumi, engganing curiga, ulun tanpa warangka, wecana
kang tanpa siring, nyata ngandika, manis sang Nabi Khidir.
No comments:
Post a Comment